Assalamualaikum warrahmatullahi wabarakatuh . . .
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng kanca-kanca sedaya ingkang kula tresnani
Para rawuh
ingkang kula tresnani
Sumangga kita sesarengan ngonjukaken puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah
lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal
afiat
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan
kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi
meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken
keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi
bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan
lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni
manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya
kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan
sejahtera
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik
kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki.
Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita
tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten
sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah
kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi
lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih
wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh . . .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar